Catatan syair ini saya dapatkan di antara buku-buku almarhum K. H. Ali Maksum. Saya tidak yakin beliau adalah penyusunnya, meskipun di atas catatan itu ada nama beliau. Barangkali beliau sekadar menggubah beberapa bagiannya. Saya hanya tahu beliau sendiri beberapa kali melantunkannya. Yang penting, ajarannya baik dan enak dibaca. Syair ini biasanya saya baca bersama anak-anak santri sebelum mengaji di bulan Ramadan. Monggo, silakan dinikmati.

Eling-eling sira manungsa
Nemenana nggonmu ngaji
Mumpung durung katekanan
Malaikat juru pati

Awak-awak wangsulana
Pitakonku marang sira
Seko ngendi sira iku
Menyang ngendi tujuanmu

Kulo gesang tanpa nyana
Kulo mboten gadah seja
Mung kersane Kang Kuwasa
Gesang kulo mung sak derma

Gesang kula sak menika
Inggih wonten ngalam dunya
Dunya ngalam kerameyan
Isine apus-apusan

Yen sampun dumugi mongsa
Nuli sowan Kang Kuwasa
Siang ndalu sinten nyana
Jer manungsa mung sak derma

###

Urip dunya ora suwe
Bakal ngalih panggonane
Akhirat nggon sejatine
Mung ngamal becik sanguine

Sowanmu mring pangeranmu
Sapa kang dadi kancamu
Sarta apa gegawanmu
Kang nylametake mring awakmu

Kula sowan maring pangeran
Kula ijen tanpa rowang
Tanpa sanak tanpa kadang
Bandha kula katilaran

Yen manungsa sampun pejah
Uwal saking griya sawah
Najan nangis anak simah
Nanging kempal mboten betah

Senajan bebandha-bandha
Morine mung sarung amba
Anak bojo mara tuwa
Yen wis ngurug banjur lunga

Yen urip tan kabeneran
Bandha kang sapirang-pirang
Ditinggal dinggo rebutan
Anake pada keleleran

###

اللهـــمَّ صـــــلِّ على # محمدْ شَــــافِعِ الأَناَمْ
وآلـــــــــــه وصحبِــــه # وَسَلِّـمْ عَلَى الدَّوَامِ

Yen sowan Kang Maha Agung
Aja susah aja bingung
Janji ridlane pengeran
Udinen nganggo ngamal

Ngamal soleh ora mung siji
Dasare waton ngabekti
nDerek marang Kanjeng Nabi
Muhammad Rasulullahi

Mbangun turut ing wong tuwa
Sarta becik maring tangga
Welasa sak padha-padha
Mulango marang ing papa-papa

Yen ngendika ngati-ati
Aja waton angger muni
Raqib-‘Atid kang nulisi
Gusti Allah Kang Ngadili

###

لا إلـــــــــه إلا الله # لا إلـــــــــه إلا الله
لا إلـــــــــه إلا الله # محمدٌ رسولُ الله

Aja dumeh sugih bandha
Yen pangeran paring lara
Bandha akeh tanpa guna
Dokter mung ngereka daya
Mula mumpung sira sugih
Tanjakna ja wigah-wigih
Darma ja ndadak ditagih
Tetulung ja pilih-pilih

Mumpung sira isih waras
Ngibadaha kanti ikhlas
Yen lelara lagi teka
Sanakmu mung bisa dunga

Mumpung sira isih gagah
Mempenga nyengkut ja wegah
Mangka sira yen wus pikun
Ora nelangsa karo getun

Mula kanca do elinga
Uripmu sing ngati-ati
Mung sepisan ana dunya
Yen wus mati ora bali

Gusti Allah wus nyawisi
Islam agama sejati
Tatanan kang anyukupi
Lahir batin amumpuni

Kitab Qur’an kang sampurna
Tindak Nabi kang pertela
Sinaunen kang pramana
Sing sregep lan aja ndleya

Duh Allah Kang Maha Agung
Mugi paduka maringi
Ngibadah kelawan pitulung
Mergi leres kang mungkasi

Amin Amin Amin Amin
Ya Allah Rabbal ‘Alamin
Mugi Paduka ngabulna
Sedaya penyuwun kula